Ceritane iku pas cilik, Sodron karo Tarmin hobine bal-balan. Sampek umur 17 tahun yo sek tetep ae hobi bal-balan. Sampek suatu saat wong 2 iki lungguh2 nang pengger kali.
+ Sodron : Koen eroh ta Min?
- Tarmin : Yo gak eroh COK. Koen ae durung ngomong
+ Sodron : Yo iki aku kate ngomong su.
- Tarmin : Opok'o emange COK?
+ Sodron : Awak dewe kan seneng bal-balan ket cilik. Engkok lek awakdewe wes matek, kiro2 sek isok bal-balan gak yo?
- Tarmin : Koen iku aneh2 ae COK.
+ Sodron : Nggae perjanjian ae COK.
- Tarmin : Yak'opo perjanjiane?
+ Sodron : Engkok, sopo diantara awakdewe seng matek disek, bakalan ngecek nang akherat onok bal-balane gak.
- Tarmin : Woke COK setuju.
Gak suwe, kiro2 semingguan, Tarmin matek gara2 kenek kangker upil. Sampek 7 dinane, Sodron kesepian gara2 koncoe wes almarhum. Dek'e senengane lungguh nang pengger kali gawe ngeleng2 kenangan masa lalue karo Tarmin.
Pas dino senin Sodron lungguh2 nang pinggir kali, moro2 Tarmin teko.
- Tarmin : Dron, Sodron.
+ Sodron : Sopo koen COK?
- Tarmin : Iki aku Tarmin COK
+ Sodron : Asu setan COK
- Tarmin : Gateli koen COK. Asu iku kewan COK.
+ Sodron : Oh iyo se, lapo koen muncul maneh? Koen kan wes mati.
- Tarmin : Koen gak eleng janjie awakdewe ndisek ta? Awak dewe kan pernah nggawe janji, sopo seng matek disek, bakalan ngecek nang akhirat onok bal-balan opo gak.
+ Sodron : Oh iyo se, trus hasile yok'opo Min?
- Tarmin : Ternyata nang akherat iku onok bal-balane Dron.
+ Sodron : Wih sangar lak'an COK. Trus yok'opo Min?
- Tarmin : Yo jelas asik lah Dron, tenang ae Dron, sabtu mene koen bakalan dadi bek nang timku.
Sodron langsung brubah werno dadi pucet soale dek'e bakalan melok matek dino sabtu.
Bal-Balan Nang Akhirat.
4/
5
Oleh
Unknown

